"asem ik!" said the farmer

sebelum membaca tulisan dibawah ini
akan lebih baik kursus bahasa jawa semarangan dulu

BAHASA SEMARANGAN INI DITULIS DENGAN SE'ENAKNYA PENULIS


isuk-isuk kepeksan kudu tangi
langsung mbukak piring ehhh durung ono sarapan, usus ning weteng wis mbulet, malah ono sebagian usus wis mreteli.

ora mang adus langsung njupuk parang nggo nggoseki suket sing arep tak pakanke sapi, mbareng wis ngosek-nggosek suket rodo suwe jempol sikilku keno pucuk'e parang. terus terang wae aku kudu misuh ning ngarep sapi!
tapi pancen dasar'e sapi. tapi sapi isone mung madhang! (madhang=mangan=makan) arep dijak crito-crito malah dikiro wong gendheng!

mbukak piring maneh, durung ono sego. piring arep tak banting tapi jare bojoku "eman-eman ora nduwe piring maneh, ngko lek arep madhang opo arep nganggo panci?"
wis awan ngene tapi wetengku cuman kisenan telo, wis ora opo-opolah dari pada cuman kisenan angin, malah-malah iso masuk angin tur ngentut-ngentut sak'nggon-nggon.

awan ngene iki jatah'e nggarap sawah. panas-panas arep ngewor (ngewor=nandur=menanam) jagung. geger kemeng kabeh goro-goro ngewor jagung, jagung arep tak sebar sembarangan tapi ngko malah ora iso ngembang.

wis se sasi jagung tak mes (mes=pupuk). regane mes mundak tak belani ngedol katok kloworku.
mari ngemes jagung geger rasane iso pedhot-pedhot.
bengi arep turu ora iso nyenyak goro-goro geger arep pedhot.
bojo tak celuk tak kon ngerik'i geger.
di kon ngerik'i malah jik leren tuku balsem, balsem wis ono saiki gumun karo duwit receh, duwit receh wis ono tapi jare bojoku wis ngantuk. bojo arep tak banting tapi rupane sik ayu.

bingung'e ati ndeleng langit kok mung panas wae?
iki kapan tho udane?
nandur wis sampe rupaku ireng koyo areng tapi udan ora teko-teko.
awan arep tak banting tapi ora ngerti carane.

wis tak gae main sanggong (sanggong=judi kartu) wae karo kanca-kancaku.
durung main tapi wis ono sing njaluk duit keamanan. arep tak pisuh'i tapi ngko malah ora iso main sanggong tur dipenjara pisan.
sanggong main sampek isuk tapi ora menang blas. dompet tak banting, tak incak-incak, trus bali (bali=moleh=pulang) ning omah.
tapi lagek kelingan..
tak jupuk maneh dompetku sing ndalan mau, tak bukak mung arep njupuk fotone bojoku, trus tak tutup maneh, tak banting maneh, tak incak-incak maneh, trus tak jupuk maneh, tak lebok'ne clonoku. eman-eman dompet mung siji.

isuk wis ambyar tapi moto isih ngantuk,yo wes tak sogok'e nganggo kopi!
arep nggawe isih leren ngodok jarang (jarang=banyu panas=air panas) bareng wis nyuntak banyu ning panci gas LPG'ne entek!. sangking mankel'e LPG tak banting tapi malah mbledos keno clonoku. clonoku kobong separuh!

banyu tak godok ning kompor kayu, ora ngerti lek kayune entek pisan. wis ora kepikir maneh klambi-klambiku tak obong nggo nggodok jarang.
jarang wis ono malah kopine kari sak cendok. cendok tak banting malah mental ning bathukku!
bareng jarang arep tak suntak ning gelas, gelas'e mleset pecah lan marak'ke aku kaget trus panci'ne nibo tur banyu panas'e kesuntak ning sikilku.
moto ngantuk ora sido ngombe kopi malah kesuntak banyu panas!

gumunku, sakben tandur jagung kok ora duwur-duwur?
liyane wis panen tur leyeh-leyeh sawahku isih ribut karo tikus!
wis tak njarke wae. mboh! ora mungkin aku arep mbanting tikus. nyekel tikus'e wae wis kangelan.

jangkep patang sasi wayahku panen, tapi apes'e regone jagung wis medun.
ora kesu'en cangkemku iso langsung njerit
"ASEEEEEMMMMMMMMM IKKKKKK!!!"

*ditulis berdasarkan inspirasi beberapa petani di desaku yang mengeluh hujan.
** maaf jika banyak bahasa semarangan yang salah, maklum aku wong suroboyo rek!
***selamat menikmati sajian sehat dari saya. semoga bermanfaat. TABIK!

Komentar

Posting Komentar

PINERANG BLOG
TERBIT SEMAMPUNYA SEJAK 2008